Neng ndalan moro - moro dargombes krungu suoro mbuh teko endi,
"Mbes mbes, awakmu iku lek di celuk juragan'mu jam 8, jam 5 tet wes tangi, ados, sarapan, budal nyalip - nyalip ben ga telat, nyampe kantor jam 7".
Lak tak celuk?
Hayya 'alal fallah
Isuk tak celuk sek turu,
Awan tak celuk sibuk kerjo,
Sore ta celuk ngopi,
Bengi ta celuk jek neng dalan, teko omah kesel.
sedino minimal peng 5 lo ta celuk mbes,
kadang tekomu mung sedino pisan, kadang seminggu pisan, kadang sak tahun pisan kadang ra teko blas, lek teko telat - telat pisan,
aku iki Illaahirobul 'aalamiin lo mbes!
Di celuk juragan presentasi, lehmu nyiapne power point seminggu sak durunge, lehmu nyiapne prediksi arah diskusi karo jawaban sampek brodol kabeh. la mene nang yaumul hisab awakmu wes nyiapne opo mbes?
mbes mbes repot musuh awakmu,
Dargombes kaget,
"loh panjenengan to Gusti? pangapunten ingkah katah Gusti, niki perjalanan ndandosi adab dumateng panjenengan Gusti, panjenengan ampun jeleh kaleh kawulo nggeh Gusti"
Yoh wes gak popo, ta enteni yo komitmenmu.
: : :
embuh koq moro - moro pengen nulis pepeling ngeneiki pas perjalanan lembur kerjo, Heuheu.